Layang Kanggo Sliramu

Posted by Aulia RA , Sunday, 8 December 2013 13:08



Ing ngisoring cahya sitoresmi, 25 November 2011

Kanggo wintang ing penggalihku,
Kangmas Dika
Ing pawiyatan luhur Universitas Trisakti

Kairing rasa tresna,
Liwat layang iki aku mung kepingin ngerti kabare kangmas. Mugo-mugo kangmas ing kono diparingi kasarasan marang Gusti ingkang Maha Agung. Alhamdulillah mas, aku ning kene isih diparingi kasarasan. Aku mung bisa ndongakake mugo-mugo kangmas bisa nindakake sekolah kang leres lan opo sing dicita-citakake kawujud.

Aku melu seneng yen kang mas bisa sukses. Namung ana siji perkara sing marakake atiku tansah sedih, marakake atiku lara, mas. Lara jroning batin. Rasa kangenku marang kang mas sing marakake aku sedih, lara ati. Ora krasa wis setahun aku ora weruh ulat manis lan esemmu. Luwes yen aku ngrasakake kangen marang sliramu. 

Nanging apa kangmas uga kangen marang awakku? Aku sing wis dadi kanca atimu telung tahun suwene. Aku ngerti yen kangmas lagi golek ilmu ing pawiyatan luhur kono. Mula kangmas ora bisa sakwayah-wayah bali mrene kanggo nemoni aku. Nanging aku ya ora bisa mendem rasa kepingin ketemu kangmas suwe-suwe. 

Nalika aku nulis layang iki, ora krasa luh tumetes ing pipiku. Kui nggambarake yen aku pancen kangen banget marang sliramu. Aku bingung karo sipate kangmas, sipatmu saiki berubah. Sliramu langka menehi kabar marang aku. 

Apa kangmas saking sibuke nganti ora sempet ngabari aku? Apa kangmas wis lali karo aku sing wis nresnani kangmas? Lali karo carita tresna kita? Aku tekan saiki durung ngerti panyebab sipat kangmas berubah. Yen kangmas wis ora tresna marang aku meneh banjur ngongkon supaya aku bisa nglalekake kangmas, aku ora bisa. Aku ora bisa  kangmas. Aku wis kebacut tresna marang sliramu. 

Kanggo nglalekake awakmu wae aku ora bisa opo meneh kanggo nglalekake rasa tresna iki. Aku kepingin weruh kangmasku sing mbiyen, sing durung berubah koyo saiki. Kangmas sing tak kenal aku.
Arti tekamu ing uripku gawe endah dina-dinaku. Tresna lair ing awakku lan awakmu. Rasa tresna kang wis lair iku ora bisa ilang kepangan wektu lan jaman. Rasa tresna iku wis kesimpen ing atiku lan atimu. Aku lan sliramu ora bisa kepisah.

Cukup semene layang kangen iki. Aku wis ora bisa nahan rasa kangen iki. Aku mung bisa nangis yen kelingan sliramu. Mugo-mugo kangmas ora lali marang aku lan rasa tresna iku.


Salam kangen,
Ingga





(layang kangen 2 tahun kepungkur - tugas basa Jawa kelas 11)

0 Response to "Layang Kanggo Sliramu"

Post a Comment